Changing Room Lyrics
Sujiwo Tejo
jumangkah sru susumbar lindu bumi gonjing
umub kang jalanidhi
gegambarane wong muntap
jojo bang mawingo wengis
lelemek kumalungkung
wong nedeng lelungan
lungo leledange wong lola
ngungakke tekade
manglungake sagung sesongar
tumiyung
jejangkah wong lumaksono
lenggak-lenggok lembeyan
njinggleng mulat mangarso
bedane wong nunggang kebo
kebone madep ngarep
cah angon dep nang mburi
wong dandan pupuran
bebenges kemben minthing-minthing
jan jane jatine
kabeh mligi tanpo busono
agomo ageming aji
sinandang nggo nyenyanding naliko dong semo
umub kang jalanidhi
gegambarane wong muntap
jojo bang mawingo wengis
lelemek kumalungkung
wong nedeng lelungan
lungo leledange wong lola
ngungakke tekade
manglungake sagung sesongar
tumiyung
jejangkah wong lumaksono
lenggak-lenggok lembeyan
njinggleng mulat mangarso
bedane wong nunggang kebo
kebone madep ngarep
cah angon dep nang mburi
wong dandan pupuran
bebenges kemben minthing-minthing
jan jane jatine
kabeh mligi tanpo busono
agomo ageming aji
sinandang nggo nyenyanding naliko dong semo